AAL

AAL
Mencetak Generasi Masa Kini yang berotak Jerman dan berhati Mekkah

Jumat, 07 Januari 2011

BIMO BUNGKUS : Catatan Ringan Pagelaran Wayang Kulit dalam Rangka Bersih Desa Bulungan, Kecamatan Tayu, Pati, 21 Oktober 2010

Oleh : Syahzuhad NIZAM Aswaja
REFLEKSI SEMRAWUTNYA KASUS NGAYOGYOKARTO HADININGRAT. Pandawa kuwi cacahe lima. yaiku puntadewa, bratasena, arjuna lan nakula kembar karo sadewa. Raden bratasena laire angel banget, bedo karo sedulur sedulure. laire bratasena aneh. ora wujud jabang bayi nanging awujud bungkus, gemlundung kaya bal. gaman sekabehing gaman ora ono kang tumama, kanggo mbedah bungkus kabeh madal. nganti adine lahir, bungkus mau durung pecah. bungkus banjur dibuang ing ngalas. pamrihe supaya bisa pecah dening kewan galak. sing nunggoni adhine, yoiku arjuna. apa tumon, bungkus malah mundak gedhe. kewan kewan galak padha kalah kabeh. macan kukune nganti bujel lan untune nganti rampal, bungkuse megek wae. kocap kahyangan gonjang ganjing, tuwuh goro goro. bathara narada ngirim sang tunggangan kang jejuluk gajah sena tumurun saka kahyangan mprepeki sang bungkus mau. bungkus ditlale, digading banjur pecah. gajah sena musna, manjing ing anggane jabang bayi. jabang bayi kuwi nuli diwenehi jeneng bratasena. TUHAN MESTI TURUN TANGAN UNTUK MENGURAI BENANG KUSUT DIY.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar